
Bakul Abab.

Ndelok kelakuane nom-noman jaman semono kuwi,mbiyen njuk okeh sing komentar ” Wong ndeso ki mbok rasah aeng-aeng,kokean polah genk-genk-ngan barang,ra ono positife blas. “
Rasane atiku kok yo ngguonduk…
Ngene lho dhe… Sing jenenge cah enom ki lagi mangsane cari identitas,mosok yo kon ning njero kamar terus ngetungi usuk ro blandar, wis bejo cah enom-enom gelem srawung tonggo, le mlaku yo iseh wajar -wajar wae,wayahe ngaji, sebagian yo mangkat ngaji.Iseh lumayan tho.Tapi nek ndilalah bocahe dewe ki mung ketemu konco wong njobo,tanpo di imbangi dolan sak konco ndeso.Biasane mbuh kriminal,mbuh narkoba po nglakoni bab seng lueh elek,rak yo kuwi jenenge nggolek memolo.
Lha nek sing nge-genk kok mung sak deso kuwi jenenge udu genk,kesane anggota ne koyo gali,kebak tatto,pelaku kejahatan wae.Seko awal wis ngerti tujuane : ngraketke kekancan,ben nom-noman ndeso ketok kompak lan wibowo,isoh saling mengontrol, mbok menowo ono salah dalan. Bedo karo genk resmi kae,iki mung genk abal- abal dhe…
Senajan yo jaman semono pancen gank abal-abal ndeso iki rodok meresahkan.Koyo rung tau enom wae dhe…!
Tapi… Elingo dhe…Simbah-simbahe dhewe ki kompak, hudu model krupuk sayur,mung di pleroki wong njobo we mlayu njenggirat.kompak adalah kunci dhe…!
Tekan semene paham?

